jump to navigation

Piwulang Kautaman Juni 29, 2009

Posted by sukolaras in Budaya Jawa, Renungan.
Tags: ,
trackback

Watak bebudining satriya utama iku :
-> ora golek seneng, nanging bisoa gawe seneng
-> ora golek marem, nanging bisoa gawe marem
-> ora seneng pamer, nanging lakune tanpa mendhem
-> ora golek seneng, nanging bisoa junjung asmaning liyan

Hurip iku Hurup. Si Hurup aweh pepadhang, werdine: Dadi jejering wong urip iku sejatine kudu bisa tansah aweh pepadhang (Darma Bakti, amal soleh) marang sapa wae kang lagi nandhang pepeteng kanthi iklasing ati.
Dadi manawa Hurip ora bisa aweh pepandhng iku tegese mati.

Pangeran Kang Maha Kuwasa iku anglimputi ana ing ngendi papan, aneng sira uga ana Pangeran (maksude : tajaline Kang Murbeng Dumadi)

Ing ndonya iku ana rong warna sing diarani bebener, yakuwi bener mungguhing Pangeran lan bener saka kang lagi kuwasa.

Komentar»

No comments yet — be the first.