Gending garapan ASKI/STSI Juni 29, 2009
Posted by sukolaras in Musik Jawa.Tags: aski, jineman kawispita, klentung, mp3 gending, stsi
trackback
Gending jawa klasik ini, hasil garapan dari para mahasiswa Akademi Seni Karawitan Indonesia (ASKI) atau yang sekarang menjadi Sekolah Tinggi Seni Indonesia (STSI) Surakarta. Jineman Kawispita dan Klentung ini salah satu gending jawa klasik yang sangat langka diperoleh dipasaran baik dalam bentuk kaset maupun compact disk.
- Jineman Kawispita Sl.My (04.24)
- Klentung Sl.9 (24.06)












Sugeng Siyang Pak Wandi,
Matur nuwun gendhingipun, utaminipun Gendhing Klenthung. Saestu punika gendhing klasik ingkang sampun langka, nembe sakmenika kula saged mirengaken gendhing punika.
Punapa Pak Wandi pikantuk koleksi gendhing2 punika saking ASKI/STSI Sala ? Sabab sakmangertos kula wonten ASKI/STSI Sala kathah rekaman gendhing2 klasik ingkang sampun awis2 kapireng.
Menawi Jineman Kawispita punika radi kathah rekamananipun wonten njawi. Ingkang limrah naminipun Jineman Gathik Glindhing, ugi wonten ingkang mastani Jineman Singa Tirta.
Sepindhah malih matur nuwun sanget panjenengan sampun kersa ngunggah gendhing2 punika, dipuntengga gendhing2 sanesipun.
Nuwun.
-noeg-
Sugeng siang ugi mbahNoeg,
Gending-gending meniko pikantuk saking sederek kanthi format rm ingkang namung saget diputer wonten real player, lajeng kula konversi dateng mp3. Leres menawi Klentung menika gending ingkang sampun langka. Namung suantenipun kirang sae, bokmenawi wekdal menika dereng wonten audio record ingkang canggih kados sakmenika, dados hasil ipun nggih mekaten menika.
Taksih wonten gegendingan sanesipun kanti durasi panjang (antawisipun Mongkok, Marasanja, Sambul Teledek, Lontang Kasmaran, Sambul Gending ……………..).
Menapa taksih asring nang ning nung, kula kok kepengen baleni sego wadang malih he he he …..Menawi Bapak dalemipun wonten Jakarta, bokmenawi wonten wekdal melu nimbrung
Salam taklim
Wandi