Tembang Pop Jawa Suriname Maret 13, 2009
Posted by sukolaras in Musik Jawa.Tags: radio suriname, suriname, yanti lesmono
trackback
Di Suriname nun jauh disana, tembang jawa on air melalui radio online yang digarap oleh orang jawa kelahiran Suriname. Kalau tidak percaya silahkan dengarkan tembang-tembangnya non stop DISINI.
Untuk menikmatinya inilah suara dari Yanti Lesmono dengan beberapa tembang jawa. Sewu Janji judul tembang yang cukup menggelitik dalam albumnya Kembang Tulip Tondo Tresno. Lagu-lagu Yanti Lesmono ini sering menghiasi radio garuda suriname.














Aku wong jowo sumatera, ..mongso iki akeh wong jowo sing isin ngaku jowo, sing wis-wis ning ngendi wae yen mbah-mbahe mbiyen wong jowo mesthi disebut wong jowo, ora bakal disebut wong sumatera karo wong asli sumatera semono ugo ning daerah liyo, ra bedo ning suriname lan londo, ning kono yo disebut javanesche utowo javanese. Lan wis dibuktekake ning njobone pulau jowo boso ngoko sing luwih gampang diterimo suku liyo, sebab gusti kang moho suci ora mandang drajat menungso miturut anggepe menungso. aku bangga karo sedulur2 jowo suriname sing wis mbuktekake yen wong jowo iso diterimo karo bongso opo wae. mulo ora usah isin, cacahe dhewe ora kurang 120 yuto menungso. Boso suriname rodo lucu kanggone sedulur2 jowo ning njowo tapi kanggo sedulur2 ning njobone jowo ora bab wis biasa karo boso campuran, lan kuwi ndadekke seni wicoro. Matur nuwun lagu2ne enak dirungokke.
aku seneng tenan, biso ngrungoake lagu lagu jowo suriname, ayo terusake sing apik apik meneh anggone nyipto tembang jowo, aku melu dedungo, mugo kasil nggenah…….
Nyuwun pirsa, punapa panjenengan menika mbah lemu, semar sekar budhaya nusantara ? Dangu boten pinanggih lho.
Kula sarujuk, mangga para kadang, kita nglestantunaken budaya kita. Dipun pirengaken malih gending, langgam, lagu2 jawi.
Nani Agus
NB. Nyuwun pangapunten Pak Suko, numpang lewat ngriki nggih
aku dari jawa indonesia….
hmmmm….
semoga suatu saat bisa berkunjung ke surimane
Aku wis tilik pulo Jawa, jalaran pengin wero lan ngalami kahanane panggonan sangkane ibuku, nganti ketemu desane,
desa Jatisaba. 9 kilo sangka Purbalingga, Jawa Tengah.
Aja mung hmmm…hmmmm…ayo, kapan sampean bales
berkunjung sedulurmu sing neng Suriname. Nek kendel korban
35 yuta Rupiah mesti teka. Mampir neng nggonku, aja samar.
Oh ya, kanggo sedulur2 sing mikir Yanthi Lesmono iku penyanyi
sangka Suriname… ora, dekne bocah sangka Solo apa Surabaya. Nanging dekne wis nyanyi ning Suriname beberapa
kali, tapi ora kondang kaya upama Didi kempot.
Yanthi iku nek aku ‘ra keleru kawin karo ‘cah Jawa sangka Suriname sing manggon ning Belanda.
Matur nuwun, salam saudara2 Jawa seluruh Indonesia….
dari Suriname…
Nyang Suriname kendaraane sekitar 35 yuta, ayo mrono bareng-bareng, mengko mulihe disangoni karo Yanti yo???
Sedulur neng Suriname kuwi rata-rata pekerjaane podho nyapo??? Sumber mata pencahariane sebagai pegawai opo sebagai pengusaha opo sebagai pekerja?????
Wah, sing takok sawangane kaya gemes??!
Kerjananku maune nganggo computer tukang nggambar peta jalan, ukur-ukuran karo gps, itung-itung volumene
(isine) bauksit lan lemah(tanah),sebagai pegawai!!
Aku saiki malah wis pesiun 8 taun. Aja mikir nek aku iki
gawe2 omongan. Awit aku saka Suriname liwat Belanda terus nang Indonesia ongkos tiket pulang-pergi, $2500,–(dollar Am.) karo sangu upama $1500,– total terus
malih pira, ora paling setitik wis Rp35 yuta….
Iki maksudku ora ‘nggo pamer nanging secara info, kanggo
sed.2 sing pengin ngerti Ora pisan2 aku mamerke apa wae
Wis taktulis nek Yanti kuwi dudu bocah Suriname.
Nek aku ‘ra keleru,dekne asli Surabaya. Dadi nek njagakne
sangu saka Yanti ora bakal pethuk dekne ning Suriname… Aku sakdurunge nang Indonesia wis blajar Bah Indonesia setitik, awit adewe Jawa Suriname ora dunung Bahasa
Indonesia.
Salam untuk semua orang Jawa di pulo Jawa…dan dimanapun anda berada…